Asal - Usul Kota Salatiga
ASAL - USUL KOTA SALATIGA ( Bahasa Jawa )
Diceritakake wonten zaman
riyen, nalika Semarang anggadahi Adipati kanthi asma Pandanarang II ingkang
nggadhahi isteri ingkang lakung kagungan nami Nyai Pandanarang. Piyambakipun
dikenal dados Adipati ingkang jujur, ananging ugi remen dening banda
dunya.
Sifat kirang sae Adipati
menika kamireng dening Sunan Kalijaga, satiyang wali ingkang arif sanget saha
wicaksana. Sunan Kalijaga kangungan pangangkah ngelingaken Pandanarang II
kaliyan ngremeng utawi nylamur dados tukang ngarit suket. Nalika medal ing
plataran Kadipaten, Adipati Pandanarang II ngenyang suketipun kanthi regi
andhap sanget.
Panyade rumput punika
sarujuk uga ngaturaken rumputipun wae ing kandang. Sadereng kesah, piyambakipun
nyimpin arta gangsal sen ing antawis tumpukan suket aau. Arta kesebat
dipunpanggihaken dening abdi dalem Pandanarang II ingkang banjur lapor kedadean
menika dhateng Adipati Pandanarang II.
Kedadosan menika terus
mawon kedadosan salebetipun setunggal minggu. Pandanarang II gumun kenging
punapa bakul suket kesebat mboten nate nakokake wonten pundi artanipun. Nalika
bakul suket punika wangsul malih, Pandanarang nangletaken asal saking bakul
suket menika. Piyambakipun ugi nangletaken kenging punapa piyambakipun kados
mboten mbetahaken arta. Bakul suket ingkang mboten sanes nggeh menika Sunan
Kalijaga nuli njawab pitakon saking Pandanarang menawi piyambakipun mboten
betah banda ndunya ingkang luwih, amargi sedayanipun mboten enten ingkang
lestantun. Piyambakipun ugi sanjang menawi enten Emas ingkang sampun ditanem
ing lebet plataran kadipaten.
Pandanarang lajeng duka
mireng wangsulan punika. Piyambakipun rumaos saweg diece dening bakul suket
punika. Nanging, kasunyatane, tembung-tembung tiyang punika leres. Enten Emas
ing lebet siti kadipaten. Akhiripun, Adipati Pandanarang nyumerepi menawi
tiyang punika nggeh menika Sunan Kalijaga. Adipati punika lajeng nyuwun
pangapunten uga nyuwun konjuk dados murid Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga
ngijinaken kahti syarat supados Pandanarang cucul saking katrisnan banda ndunya
ingkang inuwih.
Isteri Adipati ugi kersa
ndherek semahipun. Nanging, piyambakipun mboten sudi mengker banda ndunyanipun
uga ngabritaken dhateng tiyang fakir. Piyambakipun ngengken semahipun budhal
langkung rumiyen. Lajeng, Nyai Pandanarang ndelekake Emas ing lebet tekenipun
ingkang kedamel saking pring.
Ing radin, piyambake
sedaya diadang dening telung perampok ingkang badhe ngrampok Kanjeng Sunan lan
Adipati, ananging Sunan Kalijaga lajeng ngendika:
“Yen siro pengen bondo,
tunggunen. Sedelo maneh, bakal lewat wong wadon tuo. Cegaten. Siro kabeh bakal
oleh Emas saka teken pring sing digawa piyambake”.
Lajeng mboten dangu, Nyai
Pandanarang mlampah kaliyan tekenipun. Perampok banjur nyegat uga ngrampok
teken saking pring menika ingkang Nyai Pandanarang cepeng.
Nyai Pandanarang mboten
saget tumindak menapa-menapa kajawi nglepasake bandanipun. Nalika kepanggih
kaliyan semahipun uga Sunan Kalijaga, piyambakipun nyeriosaken kedadosan wau
kaliyan nangis.
“Panjenengan mboten
mirengaken pangandikan semah njenengan. Konjuk ngguru kaliyan kula, panjenengan
kedah mengker banda ndunya. Dados, kedadean niki wae salah panjenengan
piyambak,” ngendikan Sunan Kalijaga.
Konjuk ngeling kedadosan
kesebat, Sunan Kalijaga paring nami daerah punika kaliyan nami Salah Telu
amergi enten tigang tiyang ingkang numindakake kalepatan ing mriki, nggeh
menika panjenengan piyambak, semah panjenengan, uga para perampok wau.
Mbenjang, wonten ing mriki badhe dados kitha ingkang rame,” ngendikan Kanjeng
Sunan.
Tags:
Asal-Usul Tempat

0 komentar